Sabtu, 03 Juli 2021

Nrimo ing pandum

"NRIMO ING PANDUM"

Podo iling sanak kadang....
Ojo siro podo lali...
iling zikir maring pangeran... 
iku biso dadi dalan...

Lelakuning budi pakerti...
Manggon ono sirining ati....
Senajan abot dilakoni... 
Gusti Allah kang manjingi...

Mulane ojo gersulo... 
yen nandang kemelaratan...
Setuhune mlarat lan sugih...
Iku gelar mung kesasrah...

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

 *****

Watak nrimo ono ing pandum...
Dadi kekasihing Pangeran....
Nandang akeh wong kang kurang...
Golek wuwuh kanggo nyandang... 

Ora ono ati sumeleh...
Tansah ngongso ngongso uripe...
Nuruti howo nafsune...
Bakal getun tembe mburine...

Yen rumongso nrimo pandume...
Iku dadi pepesthine...
Nrimo taqdir opo anane...
Allah paring sekabehe...

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

*****

Kuncine lawang suwargo...
ora ono lafal liyo....
LAA ILAHA ILLA ALLAH
MUHAMMADUR ROSULULLAH...

GUSTI ALLAH kulo nyekseni... 
mboten wonten Pangeran malih... 
kejawi Panjenengan.... 
LAA ILAHA ILLA ALLAH...

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

*****

Ilmu iku kang sejati....
kathahe wonten papat...
Syare'at lan Hakekat... 
Thoriqot lan makrifat...

Cecekelan marang dzat ALLAH....
siro bakal dadi sampurno...
Setuhune amal panjenengan... 
dados wali waline ALLAH...

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

*****

TAPANING ROSHO KITHO... 
NYEGAH ING PANULONGSO...
TAPANING CAHYO KITHO....
PENINGAL ATI IRO...

TAPANING GESANG KITHO... 
WIRID ZIKIR NING ALLAH...
TAPANING SUKMO KITHO... 
MANGUCAP LAFAL HUU ALLAH....

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

*****

AJINE MANUNGSO URIP... 
SOKO AYANG AYANGE DEWE...
ATINE KANG MANUNGGAL... 
MANYEMBAH GUSTI KANG TUNGGAL...

Cecekelan liyane ALLAH....
ojo siro niqotake... 
setuhune amal panjenengan....
dados intipe neroko...

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

*****

Watak nrimo ono ing pandum...
Dadi kekasihing Pangeran....
Nanging akeh wong kang kurang...
Golek wuwuh kanggo nyandang... 

Ora ono ati sumeleh...
Tansah ngongso ngongso uripe...
Nuruti howo nafsune...
Bakal getun tembe mburine...

Yen rumongso nrimo pandume...
Iku dadi pepesthine...
Nrimo taqdir opo anane...
Allah paring sekabehe...

Ajine manungso urip... 
soko kelakuanmu dewe.... 
Atimu kang manunggal.... 
manyembah GUSTI KANG TUNGGAL...

Cecekelan marang dzat ALLAH... 
Siro bakal dadi sampurno...
Setuhune amal panjenengan... 
dados manjing ing suwargo...

لا اله الا الله لا اله الا الله
محمد رسول الله

*****

مفتاح الجنة لا اله الا الله
لا اله الا الله لا اله الا الله

By Gusimm

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.