Senin, 31 Januari 2022

Syair Rajab

DOA DAN SYAIR RAJAB
#BERKAHREJEB
#BERKAHSYAKBAN
#MENYAMBUTRAMADHAN

Allahummaa bariklanaa fii rajaba
Wa sya'ban wa balighna ramadhana

Ya Allah kito nyuwun barokah ing wulan rejeb
Ya Allah kito nyuwun ibadah ingkang sregeb
Ya allah kito nyuwun iman islam ingkang manteb
Ya Allah kito nyuwun kenikmatan ingkang jangkeb

Allahummaa bariklanaa fii rajaba
Wa sya'ban wa balighna ramadhana

Ya Allah mugi paring barokah ing wulan sya'ban
Ya Allah mugi paring nikmat seger kwarasan
Ya Allah mugi paring rizky halal kecukupan
Saget damel sangu nindak aken kesaenan
Kangge gayuh ridlone Gusti Pengeran

Allahummaa bariklanaa fii rajaba
Wa sya'ban wa balighna ramadhana

Ya Allah mugi kito menangi wulan poso.
Romadhon wulan suci, wulan ingkang mulyo.
Ya Allah mugi kito tansah pikantuk ridho.
Urip bahagia mulyo ono dunyo.
Wonten akherat'e sami mlebet suwargo.

Allahummaa bariklanaa fii rajaba
Wa sya'ban wa balighna ramadhana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.